BAHASA JAWA
SatuanPendidikan : MTsN 8 Bantul
Kelas/Semester : IX/2
Materi Pokok : Jurnalistik
A.
Standar Kompetensi
1.
Memahami pengetahuan (faktual,
konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian tampak mata
2.
Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam
ranah konkret menggunakan, mengurai, merangkai, modifikasi, dan membuat) dan
ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai
dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut
pandang/teori
B.
Kompetensi Dasar
3.4.
Memahami karya jurnalistik Jawa.
4.4.
Menyusun karya jurnalistik Jawa.
C.
Indikator
1. Menyimak karya
jurnalistik jawa
2. Menyebutkan ciri-ciri bahasa yang digunakan
dalam wacana
3. Menjelaskan kata-kata / istilah-istilah dalam
bacaan
4. Membaca karya
jurnalistik jawa dengan baik dan benar
5. Menyebutkan isi bacaan
6. Menjelaskan kata-kata / istilah-istilah dalam
bacaan
7. Menulis karya
jurnalistik jawa dengan baik dan benar
8. Menyebutkan isi bacaan
9. Menjelaskan kata-kata / istilah-istilah dalam bacaan
D. Materi Pembelajaran
JURNALISTIK
Jurnalistik tegese kewartawanan utawa tulismenulis.
Jurnalistik ( journalistic ) saka
tembung lingga “journal” tegese
laporan utawa cathetan. Ing bahasa Perancis “jour” tegese dina (day),
mula bukane saka basa Yunani kuna “du
jour” kang tegese dina, karepe kedadean
iki kang diwartakake ana lembaran-lembaran tulisan banjur dicetak.
Jurnalistik bisa dingerteni saka prosese,
teknik/ cara lan ilmune. Saka prosese jurnalistik mujudake kegiatan golek,
ngolah nulis lan nyebarake informasi kanggo masyarakat umum. Liwat media masa/
kalawarti kegiatan iki dilakoni dening wartawan. Saka teknik/ cara jurnalistik
mujudake keahlian (ekspertise),
ketrampilan (skill) nulis pawarta,
artikel, feature. Kalebu ahli ngumpulake bahan kanggo martakake sawijining
kedadean (reportase) lan wawancara.
Jurnalistik minangka ilmu kalebu ilmu terapan kang dinamis ngetutake majune
teknologi informasi lan komunikasi kang ngolah gagasan, pikiran lan informasi
kanggo wong liya kanthi ancas menehi ngerti, menehi katrangan lan kanggo menehi
pangaribawa (pengaruh).
Kanggo para siswa kegiyatan nulis bisa
nggladhi landheping pikir. Cak-cakane pikir bisa digladhi supaya luwih tliti
urut lan runtut. Kejaba iku bisa kanggo nglatih siswa supaya luwih trampil,
kendel lan kritis marang kahanan apa wae. Tembe mburine yen digladhi kanthi
tenanan bakal bisa dadi penulis kang mumpuni.
(Jarwan
kanthi besutan saka official jurnalis
group indonesia/ Media Belajar Bersama: tanggung jawab menjadi penulis or
pengarang)
A.
CARANE MACA TEKS PAWARTA KANTHI BECIK LAN BENER
Wong kang maca pawarta ing radio utawa TV
diarani penyiar, dene kang golek pawarta diarani wartawan. Maca pawarta
bisa dadi sawijining pengalaman kang nyenengake tumrap sing maca lan sing
ngrungokake. Bab iku bisa kaleksanan
menawa anggone maca ditindakake kanthi becik.
Sajrone mahyakake pawarta, wirama bisa nuwuhake teges sing maneka warna.
Sero lan lirihe swara utawa obah owahing wirama, lan cepet rindhike anggone
maca bisa digunakake kanggo nandhesake isi lakune waktu, owah gingsiring
kahanan, lan ngangen-angen karepe
pawarta.
Nalika maca pawarta kudune
ditengenake pelafalan sing trep. Solah bawa winates sajroning obahe tangan, lengen utawa sirah. Kabeh polah
tingkah kasebut luwih akeh asipat menehi isyarat (sugestif) lan aja ngluwihi
wates. Kanggo nuwuhake swasana mligi kang
dibutuhake sajroning maca, swara luwih ngirit menawa disengkuyung dening praenan
.
Pasemon (mimik) lan wetune swara sing pas luwih bisa kanggo ningkatake
swasana. Esem utawa kerute bathuk uga bisa mbiyantu pamirsa nafsirake karepe
teks. Supaya dadi tukang maca pawarta
sing becik perlu latihan ing babagan:
v Wicara/ vokal yaiku swara, pocapan kang cetha
v Wirama, intonasi volume utawa
bantering swara nyukupi, kudu
nggatekake koma lan titik.
v Sabisa-bisa
nyingkiri dialek.
v Wiraga utawa patrap obahing awak, busana kang laras
v Wirasa kudu bisa ngerteni isine tulisan kang diwaca
Perlu uga digatekake tempuking pandulu antarane sing maca karo pamiarsa
(penonton), luwih-luwih menawa maca pawarta lumantar media televisi utawa
kontak langsung karo pamiarsa. Dadi,
maca pawarta iku mahyakake informasi utawa pawarta lumantar maca teks pawarta
kanthi lafal, intonasi, lan patrap kanthi bener.
Warna gaya ( style ) basa kanggo pers yaiku:
- Style basa
head line : singkat narik
kawigaten.
- Style basa lead:
prasaja, ringkes
- Basa kanggo pawarta: ringkes, jelas, basane
prasaja, familiar, positif.
- Tajuk rencana/ editorial: nggunakake tembung
kita, ngajar mikir, mangaribawani, logis analitis.
- Pojok: humoristis, kanggo ngece , basa bisa dicampur basa jawa lan manca.
- Basa Iklan ( advertensi) : narik kawigaten, ringkes, jelas, bisa nggunakake sesanti( semboyan),ukarane ringkes ( ± 25 tembung)
Komentar
Posting Komentar