KEMENTERIAN
AGAMA REPUBLIK INDONESIA
KANTOR KEMENTERIAN AGAMA
KABUPATEN BANTUL
MADRASAH TSANAWIYAH NEGERI 8
BANTUL
Alamat
: Jalan Muntuk, Banjarharjo 2, Muntuk, Dlingo, Bantul, DIY
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas :
VIII
Hari/
tanggal : Sabtu, 27 Maret 2021
Pukul :09.00-10.10
Waktu : 90
Menit
A.
Wangsulana
pitakonan ing ngisor iki kanthi milih pilihan wangsulan A, B, C, utawi D ing
lembar wangsulan kang cumawis!
Wacana
kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-4
Aku
Tak Meguru
Dening
: Nini Klenyem
Semut…semut
blekithi
Wujudmu
cilik kebak pangati-ati
Satiti
ngugemi wajib tur gemi nastiti
Datan
darbe watak srei dengki lan meri
Pantes
tinulad sakehing umat ing bumi
Tanpa
mawang kadang mitra yen ketemu ing papan
Aweh
salam kanthi anthuk-anthukan
Tansah
guyub rukun anggone kekadangan
Ing
mangsa ketiga bareng luru pangan
Rejeki
ora kinarya rebutan
Minangka
singgahan ing mangsa udan
Semut…semut
blekithi
Wulang
wuruken aku
Dhasar
aku kepingin nuladha uripmu
Kinarya
sangu mecaki jantraning uripku
Dimen
diconto kabeh anak putuku
1.
Aku tak meguru. Tembung meguru ing ukara
kasebut nduweni teges …
a.
Kepingin dadi guru
b.
Golek guru supaya mulang
c. Golek kawruh utawa ngelmu (mencari ilmu pengetahuan)
d.
Golek pemimpin sing pinter
2.
Datan darbe srei, pantes tinulad
sakehing umat ing bumi. Ukara iki nduweni teges …
a.
Yen duwe watak srei, bakal diwedeni
b.
Aja nganti duwe watak srei supaya
disenengi
d.
Ora nduweni watak srei, bakal dituladha pawongan liya
3.
Pratelan ing ngisor iki, endi kang ora
kalebu isine geguritan?
- Nadyan
wujude cilik, semut blekithi paling becik bebudene
- Semut blekithi ora duwe watak
drengki, srei lan meri
- Semut blekithi kena kanggo
patuladhan
- Semut blekithi rukun kekadangan
4.
Amanat utawa piwulang kang bisa kajupuk
saka geguritan “Aku Tak Meguru” yaiku …
- Ora seneng menehi liyan kalebu
pakarti gemi nastiti ngati-ati
- Kudu
tansah guyub rukun klawan para mitra kadang
- Kudu tansah meguru marang sapari
polahe semut
- Kudu golek rejeki saakeh-akehe
kanggo simpenan
5.
Unen-unen kang ngemu surasa bedhekan
nanging wangsulane disebutake pisan sanajan kanthi cara sinandhi utawa ora diblakake diarani …
a.
Parikan
b.
Wangsalan
c.
Paribasan
d.
Purwakanthi
6.
Ing ngisor iki kang ora kalebu wangsalan
lamba (tunggal) yaiku …
a.
Klapa mudha, leganana anggonku lunga.
b.
Jenang gula, kowe aja lali mas karo aku.
c.
Sekar aren, sampun dangu anggen kula
ngentosi
d.
Jenang sela, wader kalen sesondheran. Apuranta, yen wonten lepat
kawula.
7.
Kang ora kalebu wangsalan padinan (sehari-hari) yaiku …
a.
Sena putra, putra prabu yudhistira. Tan sekeca, tumindak pakarti ala
b.
Aku mung balung klapa, ethok-ethok ora
ngerti
c.
Yen ana wong tuwa omongan aja ngrokok
cendhak, neges-neges
d.
Wiwit esuk kowe kok mentil kacang,
mbesengut wae ana apa?
8.
Sarung jagung, abot entheng wani
tanggung. Batangan wangsalan yaiku …
a.
Sarung
b.
Abot
c.
Klobot (sarung/kemule jagung)
d.
Sarung jagung
9.
Nyaron bumbung, nganti …. anggonku
ngrantu tekamu. Tembung kang trep kanggo ngganepi wangsalan kasebut yaiku …
a.
Cangklungen (saka tembung angklung=alat musik seka bumbung)
b.
Kesel
c.
Ngantuk
d.
Wegah
10. Mbalung
janur wong bagus tak anti-anti, ngusadani wong kangen tan antuk jampi.
Tembung
ngusadani tegese…
a.
Migatekake
b.
Nresnani
c.
Mblenjani
d.
Nambani
11. Cecak
toya, aja mingkur ing ubaya. Isi batangan wangsalan yaiku …
a.
Kadhal
b.
Lele
c.
Cecak
d.
Baya (kewan kang wujude kaya cecak panggonane ing banyu)
12. Lha
rak mbalung ula, …. apa-apa dipangan. Tembung kang trep kanggo ngiso
ceceg-ceceg kasebut yaiku …
a.
Dremba
b.
Ngelihan
c.
Nggragas
d.
Srakah
13. Gender
wreksa, bobot timbang aneng sira. Gender wreksa/ kayu yaiku …., mula ing
batangan ana tembung timbang.
a.
Suling
b.
Gambang (gender kang digawe saka wreksa/kayu)
c.
Saron
d.
Gender
14. Udan
riris, sugih miskin wis ginaris. Udan riris iku …., mula ing batangan ana
tembung ginaris.
a.
Gerimis (udan riris/alon)
b.
Mendhung
c.
Gludhug
d.
Udan
15. Tembang
macapat duwe paugeran, yaiku guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Dene
guru lagu yaiku …
a.
Tibaning swara vokal ing pungkasaning gatra
b.
Tibaning swara konsonan ing pungkasan
gatra
c.
Cacahing gatra saben pada
d.
Cacahing wanda saben gatra
Tembang
kanggo pitakonan nomer 16-22
(1)Mingkar mingkuring angkara
(2)Akarana
karenan mardi siwi
(3)Sinawung
resmining kidung
(4)Sinuba
sinukarta
(5)Mrih
kretarta pakartining ngelmu luhung
(6)Kang
tumrap ing tanah Jawa
(7)Agama
ageming aji
(KGPAA Mangkunegara IV:
Wedhatama)
16. sapa
kang ngripta pupuh Pangkur ing dhuwur?
a.
Mangkunegara IV
b.
Mangkunegara VI
c.
Pakubuwana IV
d.
Pakubuwana VI
17. Tembang
ing dhuwur ana pirang larik?
a.
6
b.
7
c.
8
d.
9
18. Guru
wilangan tembang ing dhuwur yaiku…
a.
8, 12, 8, 7, 12, 8, 8
b.
7, 12, 8, 7, 12, 8, 8
c.
6, 12, 8, 7, 12, 8, 8
d.
9, 12, 8, 7, 12, 8, 8
19. Guru
lagu tembang ing dhuwur yaiku …
a.
a, i, u, a, u, a, i
b.
u, i, u, a, u, a, i
c.
a, i, u, a, u, a, e
d.
a, i, u, a, u, a, a
20. Tembang
ing dhuwur kaserat ing …
a.
Serat Wulangreh
b.
Serat Wedhatama
c.
Serat Centhini
d.
Serat Pangkur
21. Mingkar-mingkur
tegese yaiku…
a.
Ngedohi
b.
Nyedhaki
c.
Melu-melu
d.
Ora seneng
22. “mingkar-mingkuring
angkara”. Gatra kasebut tegese …
a.
Owah-owahane ati
b.
Jinising angkara
c.
Njaga hawa nepsu
d.
Ngedohi tumindak ala
23. ?bsjwaikuwigti. Tulisan
aksara jawa iku unine….
a.
Basa jawa ora perlu
b.
Basa jawa iku ora perlu
c.
Basa jawa iku wigati
d.
Basa jawa ora wigati
24. ?sitimznTau. Tulisan
jawa iku unine….
a.
Siti mangan tahu
b.
Siti mangan tempe
c.
Siti tuku tahu
d.
Siti tuku tempe
25. ?anctu/mu=ku/.
Tulisan jawa iku unine ….
a.
Ana catur mungkur
b.
Ana dina ana upa
c.
Ana caturan
d.
Jer basuki mawa bea
Komentar
Posting Komentar